Pitutur Luhur


Saben wong urip saklumrahé mesti nduwèni kepinginan utawa cita-cita. Mbuh sing diarani cita-cita pingin dadi pejabat, tentara, pulisi, pilot, mentri, mantri, bupati lan liya-liyané, utawa sing mung pingin mangan thiwul, gathot, gethuk, lemper, klemet, utawa wajik. Ono menèh sing pingin dadi wong sugih, pinter, suksès ing penggawéan, nduwé bojo ayu nganti nduwé bojo limo.

Jer mengkono para sesepuh wis paring pitutur yèn sakabèhing pepinginan utawa cita-cita kudu disranani ikhtiar lan donga. Ora mung cukup semono, nanging sing kepokok ugo butuh modal. Intiné jer basuki mowo béa, kaya semboyané pemerintah Provinsi Jawa Wétan. Modal kang dimaksud ing kéné ora mesti kudu wujud dhuwit, nanging bisa kepinteran, keprigelan, tali paseduluran, kabar utawa informasi lan akèh conto liyané.

Samengko wong kang nduweni uba rampé modal kang tansaya pepak mesti waé dheweké tansaya nduwé peluang kanggo nggayuh kepinginané utowo cita-citané mau kanthi luwih gampang lan cepet. Ananging senajan sawijing wong wis nglakoni usaha utawa ikhtiar kanthi laku kang bener, trep, lan pas dikatheni kepinteran, disranani modal kang nyukupi, kabeh ikhtiar mau kudu dikonduraké marang Gusti Kang Maha Kuwasa.

Pituturé para sepuh, ojo nganti nggégé mongso utawa ndisiki kersané Pangéran. Jer menungso wajibé mung usaha, déné sing ngabulaké mesti waé Gusti Alloh. Mulo seko kuwi, menungso ora keno rumongso umuk yèn sakabehé mesti bakal klakon dadi kasunyatan kaya opo kang dakarepaké.

Bisoa rumongso ojo rumongso biso. Bisoa ngrasaké yèn menungso mono sejatiné mung titah sewantah jalma lumrah kang tansah kudu gumantung mring Gustiné. Lamun kanthi sifat kang tansah sumèlèh lan sumarah iku wong bakal bisa nglakoni uripé kanthi sakmadya lan ora kemudu kudu tansah kelakon penggayuhé.

Sipat rumongso biso mung ndadèkaké wong kang gedhé ndasé, umuk lan kedawan pengangené malah asringé dadi nglalèkaké Kang Hakaryo Jagad, prasasat banjur nékad ngalalaké sakabehing cara amrih kepinginané bisa kelakon. Mulo ojo kagèt yen njur ono tumindak korupsi, kolusi, lan nepotismé ing jaman kang tansaya édan iki.

Ono conto sawijining konco kang pingin nerusaké pendidikané ing jenjang kang luwih dhuwur. Mesti waé cita-citané kuwi luhur lan mulyo. Ning mesti waé kudu disranani kanthi sinau kang temenan amrih biso lulus ujian saringan utowo seleksi. Ora biso bab iku dilakoni kanthi sembrono kanthi modal roso rumongso biso. Yèn mung roso rumongso biso dadiné sakumpomo biso kasembadan lulus ujian selèksi, wong mau bakalé thukul roso umuk, ananging kosok baliné yen jebul gagal biso waé dhèwèké dadi mutung lan kelaran atiné.

Mulo nggayuh sakabehing pepinginan utowo cita-cita apa waé kudu dilandesi ikhtiar kang temen lan panyuwunan donga marang Kang Maha Kuwoso. Wajibé menungso mung nuntasaké usaha lan donga, sakbanjuré Gusti kang ngijabahi. Landesana urip kanthi sipat waspada lan sak madya. Ojo rumongso biso, nanging bisoa rumongso!

*dicopas secara vulgar dan apa adanya dari facebook

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s